﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:09,860
Ing ésuké Yohanes ya nang kono menèh karo murid loro.

2
00:00:09,860 --> 00:00:11,900
Kadung Gusti Yésus liwat,

3
00:00:11,900 --> 00:00:14,740
Yohanes terus nyawang Dèkné karo ngomong:

4
00:00:14,740 --> 00:00:20,480
“Yakuwi Tyempéné Gusti Allah sing bakal dadi kurbané manungsa.”

5
00:00:20,480 --> 00:00:24,580
Murid loro mau krungu Yohanes ngomong ngono,

6
00:00:24,580 --> 00:00:27,760
mulané terus pada mèlu Gusti Yésus.

7
00:00:27,760 --> 00:00:34,040
Gusti Yésus nolèh mburi weruh wong loro mau mèlu Dèkné terus takon:

8
00:00:34,040 --> 00:00:35,940
“Kowé pada arep nang endi?”

9
00:00:35,940 --> 00:00:37,300
Wongé pada semaur:

10
00:00:37,300 --> 00:00:38,860
“Guru,

11
00:00:38,860 --> 00:00:40,080
omahmu nang endi?”

12
00:00:40,080 --> 00:00:42,100
Gusti Yésus semaur:

13
00:00:42,100 --> 00:00:43,840
“Hayuk mèlu Aku,

14
00:00:43,840 --> 00:00:45,580
mengko kowé lak weruh déwé!”

15
00:00:45,580 --> 00:00:51,380
Mulané terus pada mèlu lan pada weruh omahé sing dienggoni Gusti Yésus.

16
00:00:51,380 --> 00:00:54,140
Mbenginé pada nginep nang kono,

17
00:00:54,140 --> 00:00:55,740
awit tekané wis soré,

18
00:00:55,740 --> 00:00:57,820
kira-kira jam papat.

19
00:00:57,820 --> 00:01:03,260
Murid loro mau sing krungu sangka Yohanes terus mèlu Gusti Yésus,

20
00:01:03,260 --> 00:01:05,340
sing siji jenengé Andréas,

21
00:01:05,340 --> 00:01:08,100
seduluré Simon Pétrus.

22
00:01:08,100 --> 00:01:11,140
Esuké Andréas terus gelis-gelis nggolèki Simon,

23
00:01:11,140 --> 00:01:12,500
diomongi:

24
00:01:12,500 --> 00:01:15,080
“Awaké déwé wis kepetuk karo Kristus,

25
00:01:15,080 --> 00:01:18,380
Juru Slamet sing wis dijanji karo Gusti Allah!”

26
00:01:18,380 --> 00:01:22,500
Andréas terus ngeterké Simon nang nggoné Gusti Yésus.

27
00:01:22,500 --> 00:01:25,580
Gusti Yésus nyawang Simon terus ngomong:

28
00:01:25,580 --> 00:01:28,900
“Kowé kuwi lak Simon anaké Yohanes ta?

29
00:01:28,900 --> 00:01:30,100
Saiki kowé tak jenengké Kéfas!”

30
00:01:30,100 --> 00:01:35,140
(Tembung Kéfas kuwi tunggalé waé karo Pétrus,

31
00:01:35,140 --> 00:01:36,540
tegesé:

32
00:01:36,540 --> 00:01:37,740
watu.)

33
00:01:37,740 --> 00:01:41,480
Esuké Gusti Yésus kepéngin budal nang Galiléa.

34
00:01:41,480 --> 00:01:45,240
Nang kana Dèkné kepetuk karo Filipus.

35
00:01:45,240 --> 00:01:47,780
Gusti Yésus terus ngomong:

36
00:01:47,780 --> 00:01:48,740
“Filipus,

37
00:01:48,740 --> 00:01:51,020
hayuk mèlua Aku!”

38
00:01:51,020 --> 00:01:54,020
Filipus kuwi manggoné nang Bètsaida,

39
00:01:54,020 --> 00:01:57,220
tunggalé waé karo Andréas lan Pétrus.

40
00:01:57,220 --> 00:02:01,780
Filipus kadung ketemu karo Natanaèl terus ngomong:

41
00:02:01,780 --> 00:02:05,500
“Awaké déwé wis kepetuk karo Yésus,

42
00:02:05,500 --> 00:02:06,860
anaké Yosèf,

43
00:02:06,860 --> 00:02:08,620
wong Nasarèt.

44
00:02:08,620 --> 00:02:14,140
Wong iki sing diomong nang Kitab karo nabi Moses lan nabi liya-liyané.”

45
00:02:14,140 --> 00:02:17,460
Natanaèl semaur:

46
00:02:17,460 --> 00:02:19,300
“Wong Nasarèt?

47
00:02:19,300 --> 00:02:19,820
Ah,

48
00:02:19,820 --> 00:02:24,260
sapa sing ngandel nèk Nasarèt kuwi ngetokké barang betyik!”

49
00:02:24,260 --> 00:02:25,540
Filipus semaur:

50
00:02:25,540 --> 00:02:28,940
“Mbok hayuk dititèni déwé ta.”

51
00:02:28,940 --> 00:02:32,460
Gusti Yésus weruh Natanaèl teka terus ngomong:

52
00:02:32,460 --> 00:02:34,460
“Wah,

53
00:02:34,460 --> 00:02:36,900
ya iki sing jenengé wong jujur,

54
00:02:36,900 --> 00:02:39,300
wong sing kenèng dipretyaya.

55
00:02:39,300 --> 00:02:42,140
Ya iki turunané wong Israèl tenan!”

56
00:02:42,140 --> 00:02:44,380
Natanaèl terus semaur:

57
00:02:44,380 --> 00:02:44,980
“Lo,

58
00:02:44,980 --> 00:02:48,580
lah Kowé kok ngerti aku iki sapa Gusti?”

59
00:02:48,580 --> 00:02:50,320
Gusti Yésus semaur:

60
00:02:50,320 --> 00:02:53,460
“Sakdurungé Filipus ngejèk kowé,

61
00:02:53,460 --> 00:02:55,180
Aku wis weruh kowé,

62
00:02:55,180 --> 00:02:57,300
dongé kowé njagong nang ngisoré wit anjir.”

63
00:02:57,300 --> 00:03:00,340
Natanaèl terus ngomong:

64
00:03:00,340 --> 00:03:01,060
“Gusti,

65
00:03:01,060 --> 00:03:04,780
ya Kowé kuwi Anaké Gusti Allah tenan.

66
00:03:04,780 --> 00:03:08,460
Kowé ratuné bangsa Israèl!”

67
00:03:08,460 --> 00:03:09,980
Gusti Yésus semaur:

68
00:03:09,980 --> 00:03:17,500
“Apa kowé ngomong ngono kuwi jalaran Aku ngomong nèk Aku weruh kowé njagong nang ngisor wit anjir?

69
00:03:17,500 --> 00:03:18,860
Dititèni ta!

70
00:03:18,860 --> 00:03:25,660
Kowé bakal weruh lelakon-lelakon liyané sing nggumun-nggumunké ngungkul-ungkuli iki.”

71
00:03:25,660 --> 00:03:28,260
Gusti Yésus terus ngomong menèh:

72
00:03:28,260 --> 00:03:29,380
“Titènana déwé ta!

73
00:03:29,380 --> 00:03:39,820
Kowé bakal weruh langit menga lan weruh mulékat-mulékaté Gusti Allah pada munggah-medun ngladèni Anaké Manungsa.”

