﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:09,780
Gusti Yésus terus ngomong marang wong Ju sing pada pretyaya:

2
00:00:09,780 --> 00:00:12,580
“Nèk kowé pada nglakoni piwulangku,

3
00:00:12,580 --> 00:00:15,340
kowé kuwi nyata dadi muridku.

4
00:00:15,340 --> 00:00:22,020
Kowé bakal nglakoni kekarepané Gusti Allah lan jalaran sangka kuwi kowé bakal merdéka.”

5
00:00:22,020 --> 00:00:23,600
Wong-wong terus semaur:

6
00:00:23,600 --> 00:00:25,660
“Kowé kuwi ngomong apa ta?

7
00:00:25,660 --> 00:00:28,620
Awaké déwé bakal merdéka?

8
00:00:28,620 --> 00:00:31,700
Kapan awaké déwé tau dadi slafé wong?

9
00:00:31,700 --> 00:00:34,700
Awaké déwé lak turunané Bapa Abraham ta?”

10
00:00:34,700 --> 00:00:36,160
Gusti Yésus semaur:

11
00:00:36,160 --> 00:00:38,660
“Pada ngertia!

12
00:00:38,660 --> 00:00:43,300
Sapa waé sing nglakoni ala kuwi dadi slafé ala.

13
00:00:43,300 --> 00:00:49,180
Slaf kuwi ora nduwèni kwasa apa-apa lan ora bakal slawasé nang omahé sing nduwé.

14
00:00:49,180 --> 00:00:54,620
Nanging anaké wongé nduwèni kwasa nang omah kono slawasé.

15
00:00:54,620 --> 00:00:55,940
Mulané,

16
00:00:55,940 --> 00:00:59,220
nèk Anaké Gusti Allah wis ngluwari kowé,

17
00:00:59,220 --> 00:01:01,020
kowé bakal merdéka tenan.

18
00:01:01,020 --> 00:01:05,280
Aku ngerti nèk kowé kuwi kabèh turunané Bapa Abraham,

19
00:01:05,280 --> 00:01:09,300
nanging senajan ngono kowé pada arep matèni Aku,

20
00:01:09,300 --> 00:01:13,540
awit piwulangku blas ora mbok tampa ing atimu.

21
00:01:13,540 --> 00:01:17,780
Sing tak omong iki apa sing diduduhké marang Aku karo Bapakku,

22
00:01:17,780 --> 00:01:21,260
nanging kowé kuwi nglakoni kekarepané bapakmu,

23
00:01:21,260 --> 00:01:23,180
yakuwi Sétan.”

24
00:01:23,180 --> 00:01:24,300
Wong-wong semaur:

25
00:01:24,300 --> 00:01:27,300
“Bapaké awaké déwé kuwi Bapa Abraham!”

26
00:01:27,300 --> 00:01:28,780
Gusti Yésus ngomong:

27
00:01:28,780 --> 00:01:32,940
“Nèk kowé kuwi turunané Bapa Abraham tenan,

28
00:01:32,940 --> 00:01:35,860
klakuanmu ya mesti kaya Bapa Abraham!

29
00:01:35,860 --> 00:01:39,300
Aku ngomongi kowé bab sing bener lan sing nyata,

30
00:01:39,300 --> 00:01:43,860
awit iki Aku krungu sangka nggoné Gusti Allah déwé,

31
00:01:43,860 --> 00:01:46,580
malah Aku arep mbok patèni.

32
00:01:46,580 --> 00:01:49,740
Apa Bapa Abraham mbiyèn ya ngono?

33
00:01:49,740 --> 00:01:50,920
Lak ora ta!

34
00:01:50,920 --> 00:01:53,340
Kowé kuwi niru bapakmu!”

35
00:01:53,340 --> 00:01:54,980
Wong-wong terus semaur:

36
00:01:54,980 --> 00:01:56,900
“Bapakmu?

37
00:01:56,900 --> 00:02:04,260
Gusti Allah déwé bapaké awaké déwé lan awaké déwé ora tau ninggal Dèkné.”

38
00:02:04,260 --> 00:02:05,620
Gusti Yésus ngomong:

39
00:02:05,620 --> 00:02:09,440
“Semunggoné Gusti Allah kuwi bapakmu tenan,

40
00:02:09,440 --> 00:02:12,260
kowé mesti ya trésna marang Aku.

41
00:02:12,260 --> 00:02:17,300
Aku iki tekané sangka nggoné Gusti Allah terus mara nang tengahmu.

42
00:02:17,300 --> 00:02:20,180
Aku mbréné iki ora sangka karepku déwé,

43
00:02:20,180 --> 00:02:22,700
nanging Gusti Allah sing ngongkon Aku.

44
00:02:22,700 --> 00:02:25,620
Kowé kuwi ora pada dunung tembungku,

45
00:02:25,620 --> 00:02:28,620
awit kowé ora sabar ngrungokké piwulangku!

46
00:02:28,620 --> 00:02:34,420
Kowé kuwi anaké Sétan lan kowé namung seneng nuruti karepé bapakmu.

47
00:02:34,420 --> 00:02:37,500
Sétan kuwi kawit mbiyèné tukang matèni.

48
00:02:37,500 --> 00:02:41,460
Klakuané blas ora tau ènèng beneré,

49
00:02:41,460 --> 00:02:45,420
awit dèkné setitik waé ora ènèng beneré.

50
00:02:45,420 --> 00:02:48,660
Nèk dèkné goroh kuwi pantyèn wis lumrah,

51
00:02:48,660 --> 00:02:53,280
awit dèkné tukang goroh lan goroh kuwi tukulé sangka Sétan.

52
00:02:53,280 --> 00:02:58,100
Mulané ora nggumunké nèk kowé ora pada pretyaya marang piwulangku,

53
00:02:58,100 --> 00:03:00,940
awit piwulangku kuwi bener.

54
00:03:00,940 --> 00:03:01,780
Jajal,

55
00:03:01,780 --> 00:03:04,060
sapa sing bisa nduduhké dosaku?

56
00:03:04,060 --> 00:03:08,060
Kenèng apa kowé kok ora pada pretyaya marang Aku,

57
00:03:08,060 --> 00:03:10,140
senajana Aku ngomong sak beneré.

58
00:03:10,140 --> 00:03:11,840
Pantyèn!

59
00:03:11,840 --> 00:03:16,820
Wong nèk anaké Gusti Allah tenan mesti ya nggugu tembungé Gusti Allah.

60
00:03:16,820 --> 00:03:19,620
Nanging kowé dudu anaké Gusti Allah,

61
00:03:19,620 --> 00:03:24,380
mulané ya ora pada nggatèkké marang piwulangé!”

62
00:03:24,380 --> 00:03:26,300
Wong-wong terus ngomong:

63
00:03:26,300 --> 00:03:28,020
“Awaké déwé lak wis ngomong ta,

64
00:03:28,020 --> 00:03:30,620
kowé dudu wong Ju tenan,

65
00:03:30,620 --> 00:03:32,080
nanging wong Samaritan.

66
00:03:32,080 --> 00:03:34,180
Kowé kelebon sétan!”

67
00:03:34,180 --> 00:03:35,580
Gusti Yésus semaur:

68
00:03:35,580 --> 00:03:37,060
“Ora,

69
00:03:37,060 --> 00:03:39,300
Aku ora kelebon sétan.

70
00:03:39,300 --> 00:03:41,840
Aku nggunggung Gusti Allah Bapakku,

71
00:03:41,840 --> 00:03:44,980
nanging kowé malah ngèlèk-èlèkké Aku.

72
00:03:44,980 --> 00:03:46,940
Aku ora kepéngin dielem,

73
00:03:46,940 --> 00:03:48,380
ora.

74
00:03:48,380 --> 00:03:55,260
Enèng siji sing ngelem Aku lan Dèkné bakal nduduhké sapa sing bener lan sapa sing klèru.

75
00:03:55,260 --> 00:03:56,300
Elinga!

76
00:03:56,300 --> 00:04:02,140
Wong sing nglakoni piwulangku kuwi slawasé ora bakal ngalami pati.”

77
00:04:02,140 --> 00:04:05,060
Wong-wong Ju mau terus pada ngomong:

78
00:04:05,060 --> 00:04:08,300
“Saiki awaké déwé ngerti tenan nèk kowé gemblung.

79
00:04:08,300 --> 00:04:11,220
Bapa Abraham lak mati ta?

80
00:04:11,220 --> 00:04:13,660
Lan para nabi mbarang!

81
00:04:13,660 --> 00:04:15,140
Lah kowé kok ngomong:

82
00:04:15,140 --> 00:04:18,900
‘Sapa sing nglakoni piwulangku ora bakal mati?’

83
00:04:18,900 --> 00:04:21,380
Lah nèk Bapa Abraham waé mati,

84
00:04:21,380 --> 00:04:23,300
para nabi uga kabèh mati,

85
00:04:23,300 --> 00:04:25,740
lah kowé kuwi sapa?

86
00:04:25,740 --> 00:04:28,300
Apa kowé ngungkuli Bapa Abraham?”

87
00:04:28,300 --> 00:04:29,620
Gusti Yésus semaur:

88
00:04:29,620 --> 00:04:32,700
“Apa Aku ngungkuli Bapa Abraham?

89
00:04:32,700 --> 00:04:35,280
Semunggoné Aku ngelem awakku déwé,

90
00:04:35,280 --> 00:04:37,860
tembungku ora ènèng ajiné.

91
00:04:37,860 --> 00:04:39,460
Nanging Gusti Allah déwé,

92
00:04:39,460 --> 00:04:40,200
Bapakku,

93
00:04:40,200 --> 00:04:41,560
sing ngelem Aku.

94
00:04:41,560 --> 00:04:44,460
Dèkné sing mbok arani Gusti Allahmu.

95
00:04:44,460 --> 00:04:46,580
Nanging kowé ora kenal marang Dèkné.

96
00:04:46,580 --> 00:04:49,100
Aku iki sing kenal marang Dèkné.

97
00:04:49,100 --> 00:04:53,060
Aku goroh nèk Aku ngomong Aku ora kenal marang Dèkné,

98
00:04:53,060 --> 00:04:55,740
kaya enggonmu pada goroh kuwi.

99
00:04:55,740 --> 00:04:59,780
Aku kenal marang Dèkné lan Aku manut marang tembungé.

100
00:04:59,780 --> 00:05:04,460
Bapa Abraham ngarep-arep tekaku karo bungah.

101
00:05:04,460 --> 00:05:06,020
Saiki kuwi wis klakon,

102
00:05:06,020 --> 00:05:08,740
mulané Dèkné ya bungah tenan.”

103
00:05:08,740 --> 00:05:11,580
Wong-wong mau terus ngomong marang Gusti Yésus:

104
00:05:11,580 --> 00:05:17,380
“Lah umurmu waé durung ènèng sèket taun kok ngomong nèk wis weruh Bapa Abraham?”

105
00:05:17,380 --> 00:05:18,700
Gusti Yésus semaur:

106
00:05:18,700 --> 00:05:20,900
“Pada ngertia!

107
00:05:20,900 --> 00:05:24,140
Sakdurungé Bapa Abraham ènèng Aku wis ènèng.”

108
00:05:24,140 --> 00:05:28,580
Wong-wong terus pada njikuk watu kanggo mbandemi Gusti Yésus,

109
00:05:28,580 --> 00:05:33,760
nanging Dèkné terus ndelik lan lunga sangka Gréja Gedé kono.

