﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:10,160
Gusti Yésus terus mulangi wong-wong mau nganggo gambar ngéné:

2
00:00:10,160 --> 00:00:12,260
“Iki dirungokké sing apik.

3
00:00:12,260 --> 00:00:15,040
Nèk ènèng wong mlebu kandang wedus,

4
00:00:15,040 --> 00:00:16,800
nanging ora liwat lawangé,

5
00:00:16,800 --> 00:00:20,240
wong kuwi mesti maling apa tukang ngrampok.

6
00:00:20,240 --> 00:00:28,280
Pangoné mlebu kandang liwat lawangé lan sing jaga kandang mesti bakal mbukakké lawangé.

7
00:00:28,280 --> 00:00:32,040
Wedusé kabèh nitèni swarané pangoné.

8
00:00:32,040 --> 00:00:38,000
Wongé nyeluki jenengé wedusé siji-siji terus digiring metu arep diengon.

9
00:00:38,000 --> 00:00:40,840
Nèk wedusé kabèh wis dietokké,

10
00:00:40,840 --> 00:00:43,960
pangoné terus mlaku nang ngarep déwé.

11
00:00:43,960 --> 00:00:46,160
Wedusé terus ngetutké dèkné,

12
00:00:46,160 --> 00:00:48,680
awit kabèh nitèni swarané.

13
00:00:48,680 --> 00:00:52,920
Wedus-wedus iki ora bakal ngetutké wong liyané.

14
00:00:52,920 --> 00:00:54,440
Nèk ènèng wong liyané teka,

15
00:00:54,440 --> 00:00:57,200
wedusé malah pada mblayu lunga,

16
00:00:57,200 --> 00:01:00,600
awit ngerti nèk kuwi dudu pangoné.”

17
00:01:00,600 --> 00:01:03,240
Gusti Yésus nganggokké gambar iki,

18
00:01:03,240 --> 00:01:05,320
nanging wong-wong ora dunung.

19
00:01:05,320 --> 00:01:08,720
Mulané Dèkné terus ndunung-ndunungké ngéné:

20
00:01:08,720 --> 00:01:11,620
“Omongku iki dirungokké sing apik tenan!

21
00:01:11,620 --> 00:01:14,560
Ya Aku iki lawangé kandang wedus.

22
00:01:14,560 --> 00:01:18,000
Kabèh sing tekané sakdurungé Aku,

23
00:01:18,000 --> 00:01:21,360
kuwi maling lan tukang ngrampok.

24
00:01:21,360 --> 00:01:25,000
Mulané wedus-wedus ora ngrungokké swarané.

25
00:01:25,000 --> 00:01:27,040
Aku iki lawangé.

26
00:01:27,040 --> 00:01:31,160
Wong sing mlebu liwat Aku bakal slamet.

27
00:01:31,160 --> 00:01:34,320
Wong kuwi mlebu-metu bakal nemu pangan.

28
00:01:34,320 --> 00:01:37,800
Kowé pada ngerti,

29
00:01:37,800 --> 00:01:40,160
maling kuwi tekané namung arep nyolong,

30
00:01:40,160 --> 00:01:42,560
matèni lan ngrusak.

31
00:01:42,560 --> 00:01:46,240
Nanging Aku teka ngekèki urip kalubèran.

32
00:01:46,240 --> 00:01:48,840
“Aku iki pangon sing sejati.

33
00:01:48,840 --> 00:01:53,840
Pangon sing sejati saguh mati nglabuhi wedus-wedusé.

34
00:01:53,840 --> 00:02:00,400
Wong sing namung kerja angon kuwi dudu pangoné lan dudu sing nduwé wedusé.

35
00:02:00,400 --> 00:02:07,360
Wong kaya ngono kuwi malah mblayu lunga nèk ènèng kéwan galak teka arep mangan wedusé.

36
00:02:07,360 --> 00:02:10,200
Wedus-wedusé mesti ditinggal,

37
00:02:10,200 --> 00:02:12,320
awit dèkné namung kerja.

38
00:02:12,320 --> 00:02:17,480
Wedus-wedusé ditubruk karo kéwané galak terus pada buyar.

39
00:02:17,480 --> 00:02:19,680
Aku iki pangon sing sejati.

40
00:02:19,680 --> 00:02:25,800
Kaya enggoné Gusti Allah Bapakku mangertèni Aku lan Aku mangertèni Dèkné,

41
00:02:25,800 --> 00:02:33,880
kaya ngono uga Aku ngerti wedusku siji-sijiné lan wedusku siji-sijiné ya ngerti Aku.

42
00:02:33,880 --> 00:02:37,680
Aku ora éman uripku kanggo nglabuhi wedus-wedusku.

43
00:02:37,680 --> 00:02:42,920
Aku uga nduwé wedus-wedus liyané sing ora nang kandang kéné.

44
00:02:42,920 --> 00:02:48,600
Wedus-wedus kuwi uga kudu tak engon lan bakal pada ngrungokké swaraku.

45
00:02:48,600 --> 00:02:52,960
Bakal tak giring dadi siji karo wedus-wedus sing wis nang kéné.

46
00:02:52,960 --> 00:02:58,880
Dadiné wedus-wedusku kabèh bakal tunggal kandang lan tunggal pangon.

47
00:02:58,880 --> 00:03:02,000
“Gusti Allah Bapakku nrésnani Aku,

48
00:03:02,000 --> 00:03:03,920
awit Aku masrahké uripku,

49
00:03:03,920 --> 00:03:07,400
supaya Aku bisa nampa uripku menèh.

50
00:03:07,400 --> 00:03:11,600
Aku masrahké uripku sangka karepku déwé.

51
00:03:11,600 --> 00:03:15,360
Ora ènèng sing bisa ngrebut sangka Aku.

52
00:03:15,360 --> 00:03:19,040
Mati ya karepku déwé lan urip ya karepku déwé.

53
00:03:19,040 --> 00:03:22,400
Kuwi kekarepané Gusti Allah Bapakku.”

54
00:03:22,400 --> 00:03:29,440
Tembung-tembungé Gusti Yésus kuwi marakké para penggedéné wong Ju sing nang kono pada èngkèl-èngkèlan.

55
00:03:29,440 --> 00:03:31,600
Okèh sing ngomong:

56
00:03:31,600 --> 00:03:32,960
“Yésus kuwi wong édan,

57
00:03:32,960 --> 00:03:35,400
wong kelebon sétan.

58
00:03:35,400 --> 00:03:36,560
Aja dirungokké.”

59
00:03:36,560 --> 00:03:37,400
Saloké ngomong:

60
00:03:37,400 --> 00:03:42,560
“Nèk wong kelebon sétan mosok bisa mulangi kaya ngono.

61
00:03:42,560 --> 00:03:45,240
Mosok sétan bisa nambani wong lamur?

62
00:03:45,240 --> 00:03:47,380
Lak ora ta?”

