﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:11,820
Nanging senajana Gusti Yésus nindakké penggawé sing nggumun-nggumunké lan wong-wong pada weruh déwé,

2
00:00:11,820 --> 00:00:14,940
meksa wong-wong ora pretyaya marang Dèkné.

3
00:00:14,940 --> 00:00:19,100
Pantyèn tyotyok tenan karo sing diomong karo nabi Yésaya,

4
00:00:19,100 --> 00:00:20,460
sing uniné ngéné:

5
00:00:20,460 --> 00:00:22,020
“Gusti,

6
00:00:22,020 --> 00:00:25,500
sapa sing gelem pretyaya tembungé awaké déwé?

7
00:00:25,500 --> 00:00:28,900
Sapa sing gelem nggatèkké marang kwasamu?

8
00:00:28,900 --> 00:00:31,900
Ora ènèng!”

9
00:00:31,900 --> 00:00:32,620
Mulané,

10
00:00:32,620 --> 00:00:35,540
kangèlan tenan wong-wong enggoné arep pretyaya.

11
00:00:35,540 --> 00:00:39,780
Nabi Yésaya mbiyèn ya wis tau ngomong ngéné mbarang:

12
00:00:39,780 --> 00:00:43,460
“Gusti Allah sing marakké wong-wong ora weruh

13
00:00:43,460 --> 00:00:47,380
lan Gusti Allah sing marakké wong-wong atiné kaku.

14
00:00:47,380 --> 00:00:48,860
Nèk ora ngono,

15
00:00:48,860 --> 00:00:50,820
mengko ndak pada dunung

16
00:00:50,820 --> 00:00:57,900
lan pada balik menèh nang nggoné Gusti Allah lan diwaraské.”

17
00:00:57,900 --> 00:01:01,780
Kuwi mau nabi Yésaya ngomongké bab Gusti Yésus,

18
00:01:01,780 --> 00:01:05,900
awit nabi Yésaya wis weruh kwasané Gusti Yésus.

19
00:01:05,900 --> 00:01:10,700
Nanging senajan kepriyé waé ènèng wong gedé-gedé pirang-pirang,

20
00:01:10,700 --> 00:01:13,180
yakuwi penggedé-penggedéné wong Ju,

21
00:01:13,180 --> 00:01:18,220
sing pada pretyaya nèk Gusti Yésus kuwi kongkonané Gusti Allah.

22
00:01:18,220 --> 00:01:21,900
Nanging wong-wong iki pada wedi karo para Farisi,

23
00:01:21,900 --> 00:01:24,220
mulané ora gelem blaka nèk pretyaya,

24
00:01:24,220 --> 00:01:27,360
mengko ndak dietokké sangka sinaguk.

25
00:01:27,360 --> 00:01:33,700
Karomenèh wong-wong luwih seneng dielem manungsa tenimbang dielem Gusti Allah.

26
00:01:33,700 --> 00:01:37,780
Ing liya dina Gusti Yésus terus ngomong ngéné marang wong-wong:

27
00:01:37,780 --> 00:01:43,780
“Wong sing pretyaya marang Aku kuwi sakjané ora namung pretyaya marang Aku waé,

28
00:01:43,780 --> 00:01:46,900
nanging wong kuwi pretyaya marang Gusti Allah,

29
00:01:46,900 --> 00:01:49,780
awit Gusti Allah sing ngongkon Aku.

30
00:01:49,780 --> 00:01:55,960
Dadiné wong sing weruh Aku kuwi uga weruh Gusti Allah sing ngongkon Aku.

31
00:01:55,960 --> 00:01:59,620
Tekaku nang jagat kéné dadi pepadang,

32
00:01:59,620 --> 00:02:04,020
supaya wong sing pretyaya marang Aku ora nang pepeteng menèh.

33
00:02:04,020 --> 00:02:09,000
Nèk ènèng wong ngrungokké pituturku nanging ora dilakoni,

34
00:02:09,000 --> 00:02:11,320
Aku ora bakal nyetrap wong kuwi.

35
00:02:11,320 --> 00:02:15,980
Aku teka nang jagat kéné ora arep nyalahké manungsa,

36
00:02:15,980 --> 00:02:16,960
ora.

37
00:02:16,960 --> 00:02:20,260
Aku mbréné iki arep nulungi manungsa.

38
00:02:20,260 --> 00:02:26,380
Aku ora bakal nyalahké wong sing nyepèlèkké Aku lan sing ora manut pituturku,

39
00:02:26,380 --> 00:02:27,140
ora!

40
00:02:27,140 --> 00:02:30,140
Nanging pitutur sing tak gelarké,

41
00:02:30,140 --> 00:02:32,480
kuwi sing bakal nyalahké manungsa,

42
00:02:32,480 --> 00:02:35,720
mbésuk nèk kabèh wong bakal dikrutu.

43
00:02:35,720 --> 00:02:39,540
Enggonku memulang ora metu sangka karepku déwé,

44
00:02:39,540 --> 00:02:41,020
ora.

45
00:02:41,020 --> 00:02:44,020
Gusti Allah Bapakku sing ngongkon Aku,

46
00:02:44,020 --> 00:02:48,020
Dèkné sing ngomongi Aku apa sing kudu tak omong.

47
00:02:48,020 --> 00:02:54,940
Lan Aku ngerti nèk sing dikarepké karo Gusti Allah kuwi nggawa urip langgeng kanggo manungsa.

48
00:02:54,940 --> 00:02:55,960
Mulané,

49
00:02:55,960 --> 00:03:00,920
sing tak omong ya namung apa omongé Gusti Allah Bapakku.”

