﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:09,460
“Nanging Aku ora ngomong nèk kowé kabèh bakal slamet.

2
00:00:09,460 --> 00:00:12,260
Aku ngerti sapa sing tak pilih.

3
00:00:12,260 --> 00:00:13,900
Nang Kitab wis ketulis ngéné:

4
00:00:13,900 --> 00:00:18,500
‘Wong sing mangan bareng karo Aku bakal mungsuh Aku.’

5
00:00:18,500 --> 00:00:21,460
Tulisan kuwi kudu klakon.

6
00:00:21,460 --> 00:00:23,460
Kuwi durung klakon,

7
00:00:23,460 --> 00:00:26,100
nanging kowé saiki molai tak omongi.

8
00:00:26,100 --> 00:00:28,140
Dadiné mbésuk nèk wis klakon,

9
00:00:28,140 --> 00:00:34,300
kowé kabèh pada pretyaya nèk Aku iki sing dikongkon karo Gusti Allah.

10
00:00:34,300 --> 00:00:35,980
Elinga iki:

11
00:00:35,980 --> 00:00:40,060
sapa sing nampa kongkonanku ya nampa Aku.

12
00:00:40,060 --> 00:00:46,460
Lan sapa nampa Aku ya nampa Gusti Allah sing ngongkon Aku.”

13
00:00:46,460 --> 00:00:50,400
Sakwisé ngomong ngono kuwi Gusti Yésus terus sedi atiné.

14
00:00:50,400 --> 00:00:52,140
Dèkné ngomong:

15
00:00:52,140 --> 00:00:54,100
“Aku ora goroh.

16
00:00:54,100 --> 00:00:59,500
Enèng siji nang tengahmu sing bakal ngelungké Aku marang mungsuhé.”

17
00:00:59,500 --> 00:01:04,460
Murid-muridé ora patèka pretyaya terus pada ndelokké sakpada-pada,

18
00:01:04,460 --> 00:01:07,140
ora ngerti Gusti Yésus kuwi ngomongké sapa.

19
00:01:07,140 --> 00:01:08,740
Rasul Yohanes,

20
00:01:08,740 --> 00:01:11,620
murid sing disenengi karo Gusti Yésus,

21
00:01:11,620 --> 00:01:13,820
njagong nang jèjèré.

22
00:01:13,820 --> 00:01:18,500
Mulané rasul Simon Pétrus terus ngongkon takon marang Gusti Yésus,

23
00:01:18,500 --> 00:01:22,540
sapa sing arep ngelungké Dèkné marang mungsuhé.

24
00:01:22,540 --> 00:01:26,700
Rasul Yohanes terus lèndèn nyedeki Gusti Yésus karo takon:

25
00:01:26,700 --> 00:01:29,060
“Sapa ta Gusti?”

26
00:01:29,060 --> 00:01:30,580
Gusti Yésus semaur:

27
00:01:30,580 --> 00:01:35,180
“Aku arep ngetylupké roti sak tyuwil nang mangkok.

28
00:01:35,180 --> 00:01:37,020
Sing tak elungi tyuwilan roti,

29
00:01:37,020 --> 00:01:39,340
yakuwi wongé!”

30
00:01:39,340 --> 00:01:45,700
Gusti Yésus terus ngetylupké roti sak tyuwil nang mangkoké terus dikèkké marang Yudas,

31
00:01:45,700 --> 00:01:47,740
anaké Simon Iskariot.

32
00:01:47,740 --> 00:01:50,380
Kadung Yudas nampani roti kuwi mau,

33
00:01:50,380 --> 00:01:53,020
Sétan terus ngleboni dèkné.

34
00:01:53,020 --> 00:01:55,060
Gusti Yésus ngomong marang Yudas:

35
00:01:55,060 --> 00:01:59,060
“Apa sing mbok karepké ndang dilakoni.”

36
00:01:59,060 --> 00:02:03,700
Nanging murid-muridé ora dunung sing diomong Gusti Yésus marang Yudas.

37
00:02:03,700 --> 00:02:11,460
Ndarani Gusti Yésus ngongkon Yudas ndang tuku kaperluané riyaya minggu Paskah kuwi,

38
00:02:11,460 --> 00:02:14,500
apa ngekèki duwit marang wong sing ora nduwé,

39
00:02:14,500 --> 00:02:17,100
awit Yudas sing nyekel duwit.

40
00:02:17,100 --> 00:02:20,500
Sakwisé Yudas nampa rotiné dèkné terus lunga.

41
00:02:20,500 --> 00:02:23,000
Saiki wis wayah wengi.

42
00:02:23,000 --> 00:02:27,420
Kadung Yudas wis lunga Gusti Yésus terus ngomong:

43
00:02:27,420 --> 00:02:34,660
“Saiki Anaké Manungsa bakal diluhurké lan lantaran Dèkné Gusti Allah bakal diluhurké.

44
00:02:34,660 --> 00:02:38,420
Nèk Gusti Allah diluhurké lantaran Anaké,

45
00:02:38,420 --> 00:02:43,580
Gusti Allah uga bakal ngluhurké Anaké lantaran Dèkné déwé.

46
00:02:43,580 --> 00:02:47,060
Lan ora suwi menèh Gusti Allah bakal ngétokké iki.

47
00:02:47,060 --> 00:02:49,420
Kantyaku sing tak trésnani,

48
00:02:49,420 --> 00:02:53,540
enggonku kumpul karo kowé garèk sedilut.

49
00:02:53,540 --> 00:02:55,940
Kowé bakal nggolèki Aku.

50
00:02:55,940 --> 00:03:01,740
Aku wis tau ngomong marang para penggedéné wong Ju lan saiki Aku ngomong marang kowé:

51
00:03:01,740 --> 00:03:06,020
panggonan sing tak parani kowé ora bisa nekani.

52
00:03:06,020 --> 00:03:10,740
Saiki kowé tak kèki pepakon anyar sing kudu mbok lakoni tenan:

53
00:03:10,740 --> 00:03:14,460
pada trésnaa marang sakpada-pada.

54
00:03:14,460 --> 00:03:17,140
Kaya enggonku nrésnani kowé,

55
00:03:17,140 --> 00:03:21,300
kowé uga kudu nrésnani sakpada-pada.

56
00:03:21,300 --> 00:03:24,740
Nèk kowé pada trésna tenan marang sakpada-pada,

57
00:03:24,740 --> 00:03:31,100
wong-wong liyané bakal nitèni nèk kowé kuwi murid-muridku.”

58
00:03:31,100 --> 00:03:34,220
Rasul Simon Pétrus takon marang Gusti Yésus:

59
00:03:34,220 --> 00:03:36,820
“Lah Kowé arep lunga nang endi Gusti?”

60
00:03:36,820 --> 00:03:38,540
Gusti Yésus semaur:

61
00:03:38,540 --> 00:03:43,380
“Kowé saiki durung bisa mèlu nang panggonan sing arep tak parani iki,

62
00:03:43,380 --> 00:03:46,900
nanging mbésuk kowé bakal nututi Aku.”

63
00:03:46,900 --> 00:03:51,100
“Lah kenèng apa aku saiki kok ora bisa ngetutké Kowé Gusti?

64
00:03:51,100 --> 00:03:53,180
Aku kepéngin mèlu Kowé,

65
00:03:53,180 --> 00:03:55,380
senajan tak labuhi mati!”

66
00:03:55,380 --> 00:03:57,620
Gusti Yésus terus semaur:

67
00:03:57,620 --> 00:03:59,780
“Kowé gelem tenan?

68
00:03:59,780 --> 00:04:00,700
Ora Pétrus,

69
00:04:00,700 --> 00:04:03,020
titènana ta,

70
00:04:03,020 --> 00:04:10,380
sakdurungé jago kluruk kowé bakal ngomong sampèk ping telu nèk kowé ora kenal karo Aku!”

