﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:07,440
Gusti Yésus terus ngomong menèh:

2
00:00:07,440 --> 00:00:13,120
“Nèk kowé trésna tenan marang Aku kowé uga mesti nglakoni omongku.

3
00:00:13,120 --> 00:00:14,400
Semono uga,

4
00:00:14,400 --> 00:00:17,040
Aku bakal nembung marang Gusti Allah Bapakku,

5
00:00:17,040 --> 00:00:22,120
supaya Dèkné ngongkon liyané sing bakal nulungi kowé slawasé.

6
00:00:22,120 --> 00:00:24,880
Kuwi Roh Sutyi,

7
00:00:24,880 --> 00:00:29,640
sing bakal mulangi kowé bab Gusti Allah kaya sak beneré.

8
00:00:29,640 --> 00:00:34,560
Wong sing ora pretyaya marang Gusti Allah ora bisa nampa Roh Sutyi,

9
00:00:34,560 --> 00:00:38,700
awit ora nitèni lan ora dunung.

10
00:00:38,700 --> 00:00:41,320
Nanging kowé bakal ngerti Roh Sutyi,

11
00:00:41,320 --> 00:00:45,720
awit Dèkné bakal karo kowé lan bakal manggon ing uripmu.

12
00:00:45,720 --> 00:00:46,280
“Ora,

13
00:00:46,280 --> 00:00:49,200
kowé ora bakal tak tinggal déwé,

14
00:00:49,200 --> 00:00:52,080
Aku bakal balik marang kowé.

15
00:00:52,080 --> 00:00:56,000
Ora suwi menèh wong jagat bakal ora weruh Aku menèh,

16
00:00:56,000 --> 00:00:59,600
nanging Aku bebarengan karo kowé terus.

17
00:00:59,600 --> 00:01:02,080
Lan kowé bakal urip,

18
00:01:02,080 --> 00:01:03,840
awit Aku urip.

19
00:01:03,840 --> 00:01:10,160
Ing wantyi kuwi kowé bakal dunung nèk Aku karo Gusti Allah Bapakku kuwi dadi siji.

20
00:01:10,160 --> 00:01:17,120
Semono uga kowé bakal dunung nèk kowé karo Aku iki uga dadi siji.

21
00:01:17,120 --> 00:01:21,040
“Wong sing ngerti pituturku lan nglakoni apa omongku,

22
00:01:21,040 --> 00:01:26,880
ya wong kaya ngono kuwi sing trésna marang Aku tenan.

23
00:01:26,880 --> 00:01:35,880
Wong kuwi bakal ditrésnani tenan karo Gusti Allah Bapakku lan Aku mbarang bakal nrésnani wong kuwi.

24
00:01:35,880 --> 00:01:36,600
Lan menèh,

25
00:01:36,600 --> 00:01:40,400
Aku bakal nduduhké marang Dèkné Aku iki sapa.”

26
00:01:40,400 --> 00:01:42,640
Enèng murid sing jenengé Yudas,

27
00:01:42,640 --> 00:01:45,000
nanging dudu Yudas Iskariot.

28
00:01:45,000 --> 00:01:47,360
Yudas iki ngomong marang Gusti Yésus:

29
00:01:47,360 --> 00:01:48,960
“Gusti,

30
00:01:48,960 --> 00:01:53,080
lah Kowé kok ngétokké kwasamu namung marang awaké déwé,

31
00:01:53,080 --> 00:01:57,080
ora marang wong-wong liyané sing ora pretyaya marang Kowé?”

32
00:01:57,080 --> 00:01:58,480
Gusti Yésus semaur:

33
00:01:58,480 --> 00:02:09,160
“Wong sing trésna marang Aku kuwi uga bakal nurut pituturku lan Gusti Allah Bapakku bakal nrésnani wong sing kaya ngono kuwi.

34
00:02:09,160 --> 00:02:14,680
Aku lan Gusti Allah Bapakku bakal urip bebarengan karo wong kuwi.

35
00:02:14,680 --> 00:02:21,480
Nanging wong sing ora trésna marang Aku uga ora bakal nurut pituturku,

36
00:02:21,480 --> 00:02:25,920
senajana pituturku kuwi dudu tembungku déwé,

37
00:02:25,920 --> 00:02:29,960
nanging tembungé Gusti Allah sing ngongkon Aku.

38
00:02:29,960 --> 00:02:36,080
“Suwéné Aku ijik tyampur karo kowé Aku mulangi kowé sembarang-mbarang kuwi.

39
00:02:36,080 --> 00:02:40,320
Nanging Gusti Allah Bapakku bakal ngongkon Roh Sutyi,

40
00:02:40,320 --> 00:02:41,800
Penulungmu,

41
00:02:41,800 --> 00:02:44,440
teka dadi wakilku.

42
00:02:44,440 --> 00:02:50,960
Dèkné sing bakal ngréwangi kowé lan ndunung-ndunungké marang kowé bab sembarang.

43
00:02:50,960 --> 00:02:58,160
Dèkné uga bakal ngéling-élingké marang kowé bab sembarang sing wis tak wulangké.

44
00:02:58,160 --> 00:03:00,800
“Saiki kowé tak tinggali katentreman.

45
00:03:00,800 --> 00:03:03,400
Ora katentremané donya kéné,

46
00:03:03,400 --> 00:03:03,920
ora,

47
00:03:03,920 --> 00:03:07,920
nanging katentreman sing namung Aku déwé bisa ngekèki.

48
00:03:07,920 --> 00:03:09,000
Mulané,

49
00:03:09,000 --> 00:03:12,800
kowé aja pada sedi lan aja pada wedi.

50
00:03:12,800 --> 00:03:17,600
Pantyèn Aku wis ngomong nèk Aku arep lunga,

51
00:03:17,600 --> 00:03:19,920
nanging Aku bakal balik menèh.

52
00:03:19,920 --> 00:03:20,640
Mulané,

53
00:03:20,640 --> 00:03:24,000
nèk kowé pada trésna tenan marang Aku,

54
00:03:24,000 --> 00:03:28,880
kowé malah kudu bungah nèk Aku bakal lunga nang nggoné Gusti Allah Bapakku,

55
00:03:28,880 --> 00:03:34,760
awit Gusti Allah Bapakku kuwi gedéné ngungkuli Aku.

56
00:03:34,760 --> 00:03:38,240
Sakdurungé sembarang iki klakon kowé wis tak omongi,

57
00:03:38,240 --> 00:03:42,040
dadiné mbésuk nèk wis klakon tenan,

58
00:03:42,040 --> 00:03:47,360
kowé bisa nitèni nèk sembarang sing tak omong kuwi tenan.

59
00:03:47,360 --> 00:03:52,080
Aku wis ora bisa ngomong okèh-okèh menèh marang kowé,

60
00:03:52,080 --> 00:03:52,920
awit Sétan,

61
00:03:52,920 --> 00:03:55,040
ratuné donya,

62
00:03:55,040 --> 00:03:56,520
wis ngétok.

63
00:03:56,520 --> 00:03:59,360
Aku ora ngomong nèk dèkné kuwi bisa menangké Aku,

64
00:03:59,360 --> 00:04:00,960
ora.

65
00:04:00,960 --> 00:04:05,880
Nanging Aku namung manut apa kongkonané Gusti Allah Bapakku.

66
00:04:05,880 --> 00:04:12,020
Dadiné wong kabèh bisa nitèni nèk Aku trésna tenan marang Gusti Allah Bapakku.

67
00:04:12,020 --> 00:04:13,480
“Wis,

68
00:04:13,480 --> 00:04:15,700
hayuk saiki pada lunga!”

