﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:09,280
Gusti Yésus terus ngomong ngéné marang murid-muridé:

2
00:00:09,280 --> 00:00:12,440
“Aku iki kenèng dipadakké karo wité,

3
00:00:12,440 --> 00:00:14,660
lah kowé pangé.

4
00:00:14,660 --> 00:00:19,160
Gusti Allah Bapakku kenèng dipadakké karo sing tukang kebon.

5
00:00:19,160 --> 00:00:31,560
Pang sing ora ngetokké woh kuwi mesti diketok karo sing tukang kebon lan pang sing metu wohé dikeprasi lan diresiki supaya ngetokké woh sing luwih okèh.

6
00:00:31,560 --> 00:00:33,880
Kowé wis pada resik atiné.

7
00:00:33,880 --> 00:00:38,740
Pitutur sing tak wulangké marang kowé kuwi wis ngresiki atimu.

8
00:00:38,740 --> 00:00:39,980
Rumaketa marang Aku,

9
00:00:39,980 --> 00:00:43,620
dadiné Aku uga bisa rumaket marang kowé.

10
00:00:43,620 --> 00:00:48,940
Pangé kuwi ora bisa ngetokké woh nèk ora rumaket marang wité,

11
00:00:48,940 --> 00:00:50,820
kaya ngono uga kowé,

12
00:00:50,820 --> 00:00:56,080
nèk ora rumaket marang Aku kowé ora bisa ngetokké woh.

13
00:00:56,080 --> 00:00:59,940
“Aku iki wité lan kowé kuwi pangé.

14
00:00:59,940 --> 00:01:05,260
Nèk kowé rumaket marang Aku lan Aku rumaket marang kowé,

15
00:01:05,260 --> 00:01:07,180
kowé bakal ngetokké woh okèh.

16
00:01:07,180 --> 00:01:10,700
Pedot sangka Aku kowé ora bisa apa-apa.

17
00:01:10,700 --> 00:01:16,020
Wong sing ora rumaket marang Aku kuwi kaya pang sing diketok dadi garing,

18
00:01:16,020 --> 00:01:20,620
terus dilumpukké lan dibuwang nang geni bèn kobong.

19
00:01:20,620 --> 00:01:24,940
Nèk kowé rumaket marang Aku lan nglakoni pituturku,

20
00:01:24,940 --> 00:01:27,580
mbok njaluka apa waé ta,

21
00:01:27,580 --> 00:01:30,420
mesti bakal keturutan.

22
00:01:30,420 --> 00:01:36,220
Gusti Allah Bapakku bakal diluhurké nèk kowé ngetokké woh okèh.

23
00:01:36,220 --> 00:01:39,900
Kuwi ngétokké nèk kowé dadi muridku tenan.

24
00:01:39,900 --> 00:01:42,100
Gusti Allah nrésnani Aku,

25
00:01:42,100 --> 00:01:46,060
mengkono uga katrésnanku marang kowé.

26
00:01:46,060 --> 00:01:49,580
Pada mantepa ing katrésnan iki.

27
00:01:49,580 --> 00:01:55,740
Kaya enggonku manut marang karepé Gusti Allah Bapakku lan ngalami katrésnané,

28
00:01:55,740 --> 00:01:57,580
semono uga kowé.

29
00:01:57,580 --> 00:02:00,340
Nèk kowé manut marang pituturku,

30
00:02:00,340 --> 00:02:04,180
kowé uga bakal ngalami katrésnanku sak terusé.

31
00:02:04,180 --> 00:02:07,700
“Aku ngomong kuwi mau kabèh marang kowé,

32
00:02:07,700 --> 00:02:13,660
supaya kowé bisa nduwèni kabungahanku lan supaya kabungahan iki bisa mundak terus.

33
00:02:13,660 --> 00:02:16,580
Pituturku marang kowé ya iki:

34
00:02:16,580 --> 00:02:23,060
pada trésnaa terus marang sakpada-pada kaya enggonku trésna marang kowé.

35
00:02:23,060 --> 00:02:27,580
Wong sing trésna lan saguh mati nglabuhi kantyané,

36
00:02:27,580 --> 00:02:30,900
kuwi wong sing nduwèni katrésnan tenan.

37
00:02:30,900 --> 00:02:35,460
Ora ènèng katrésnan sing gedéné ngungkuli kuwi.

38
00:02:35,460 --> 00:02:40,020
Kowé dadi kantyaku nèk kowé pada manut marang pituturku.

39
00:02:40,020 --> 00:02:43,540
Kowé saiki wis ora tak arani slaf menèh,

40
00:02:43,540 --> 00:02:48,140
awit slaf kuwi ora tau diejèki atungan karo sing nduwé omah.

41
00:02:48,140 --> 00:02:52,940
Nanging apa omongé Gusti Allah Bapakku marang Aku,

42
00:02:52,940 --> 00:02:58,180
kabèh tak dunung-dunungké marang kowé,

43
00:02:58,180 --> 00:03:00,140
supaya kowé uga pada ngerti.

44
00:03:00,140 --> 00:03:02,700
Mulané kowé kuwi ora tak arani slaf menèh,

45
00:03:02,700 --> 00:03:05,100
nanging kowé kantyaku.

46
00:03:05,100 --> 00:03:06,940
Aku sing milih kowé,

47
00:03:06,940 --> 00:03:09,300
dudu kowé sing milih Aku.

48
00:03:09,300 --> 00:03:14,480
Kowé tak pilih lan tak kongkon budal ngetokké woh terus,

49
00:03:14,480 --> 00:03:17,360
aja sampèk ilang wohé.

50
00:03:17,360 --> 00:03:25,940
Apa penjalukmu marang Gusti Allah Bapakku mesti bakal keturutan nèk kowé nembung nganggo Jenengku.”

51
00:03:25,940 --> 00:03:28,260
Sepisan menèh tembungku marang kowé:

52
00:03:28,260 --> 00:03:31,080
“Pada trésnaa marang sakpada-pada.”

