﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:10,540
Sakwisé kuwi Gusti Yésus terus digawa lunga sangka omahé Kayafas.

2
00:00:10,540 --> 00:00:12,740
Saiki digawa nang omahé gramangé.

3
00:00:12,740 --> 00:00:15,180
Kuwi ijik ésuk banget.

4
00:00:15,180 --> 00:00:18,820
Wong-wong Ju malah ora pada mlebu nang omahé gramangé,

5
00:00:18,820 --> 00:00:21,500
awit gramangé kuwi dudu wong Ju.

6
00:00:21,500 --> 00:00:26,140
Lan miturut agamané wong Ju ora éntuk mlebu omahé sing dudu bangsané,

7
00:00:26,140 --> 00:00:28,340
mengko ndak reget awaké.

8
00:00:28,340 --> 00:00:31,700
Nèk ora resik ora éntuk mèlu mangan pangan Paskah.

9
00:00:31,700 --> 00:00:37,220
Mulané gramang Pilatus terus nglumui metu lan takon marang wong-wong:

10
00:00:37,220 --> 00:00:40,260
“Apa salahé wong iki?”

11
00:00:40,260 --> 00:00:42,020
Wong-wong semaur:

12
00:00:42,020 --> 00:00:45,860
“Nèk ora wong nakal mosok digawa mbréné karo awaké déwé!”

13
00:00:45,860 --> 00:00:47,340
Pilatus terus ngomong:

14
00:00:47,340 --> 00:00:52,660
“Kana dikrutu kowé déwé miturut wèté agamamu déwé!”

15
00:00:52,660 --> 00:00:53,780
Wong-wong semaur:

16
00:00:53,780 --> 00:00:57,820
“Nanging awaké déwé ora dililani ngongkon matèni wong!”

17
00:00:57,820 --> 00:01:03,420
Pantyèn kudu klakon sing wis diomong karo Gusti Yésus bab kepriyé Dèkné enggoné bakal mati.

18
00:01:03,420 --> 00:01:06,420
Gramang Pilatus terus mlebu menèh nang omahé.

19
00:01:06,420 --> 00:01:09,620
Gusti Yésus terus dityeluk lan ditakoni:

20
00:01:09,620 --> 00:01:14,980
“Apa Kowé kuwi ratuné bangsa Ju tenan?”

21
00:01:14,980 --> 00:01:16,260
Gusti Yésus semaur:

22
00:01:16,260 --> 00:01:21,500
“Kuwi pitakonanmu déwé apa wong liyané sing ngongkon kowé?”

23
00:01:21,500 --> 00:01:23,180
Pilatus terus ngomong:

24
00:01:23,180 --> 00:01:26,980
“Anggitanmu kuwi aku wong Ju?

25
00:01:26,980 --> 00:01:33,180
Bangsamu déwé lan pengarep-pengarepé imam sing nggawa kowé mbréné nang nggonku!

26
00:01:33,180 --> 00:01:37,900
Salahmu apa kok kowé dityekel!”

27
00:01:37,900 --> 00:01:39,180
Gusti Yésus semaur:

28
00:01:39,180 --> 00:01:43,980
“Dudu wong jagat kéné sing ndadèkké Aku dadi ratu.

29
00:01:43,980 --> 00:01:47,940
Semunggoné wong jagat kéné sing ndadèkké Aku dadi ratu,

30
00:01:47,940 --> 00:01:53,100
balaku mesti pada nglawan mbélani Aku supaya Aku ora dityekel karo wong Ju.

31
00:01:53,100 --> 00:01:54,460
Nanging yakuwi,

32
00:01:54,460 --> 00:01:58,540
dudu wong jagat kéné sing ndadèkké Aku dadi ratu.”

33
00:01:58,540 --> 00:02:00,860
Pilatus terus ngomong marang Gusti Yésus:

34
00:02:00,860 --> 00:02:04,740
“Nèk ngono Kowé ratu tenan?”

35
00:02:04,740 --> 00:02:06,020
Gusti Yésus semaur:

36
00:02:06,020 --> 00:02:08,180
“Pantyèn,

37
00:02:08,180 --> 00:02:10,140
bener sing mbok omong kuwi.

38
00:02:10,140 --> 00:02:16,340
Aku lair lan Aku teka nang jagat kéné kanggo nduduhké bab sing bener.

39
00:02:16,340 --> 00:02:21,100
Sapa sing seneng marang pitutur sing bener mesti nggugu tembungku.”

40
00:02:21,100 --> 00:02:22,700
Pilatus terus semaur:

41
00:02:22,700 --> 00:02:24,900
“Pitutur sing bener?

42
00:02:24,900 --> 00:02:26,260
Ah,

43
00:02:26,260 --> 00:02:27,700
kuwi apa!”

44
00:02:27,700 --> 00:02:34,620
Sakwisé ngomong kuwi Pilatus terus mara menèh nang nggoné wong-wong Ju sing nang njaba.

45
00:02:34,620 --> 00:02:35,540
Dèkné terus ngomong:

46
00:02:35,540 --> 00:02:39,700
“Aku ora nemu salah ing wong iki!

47
00:02:39,700 --> 00:02:45,900
Nanging wis lumrahé aku ngetokké wong setrapan siji nèk wayah Paskah.

48
00:02:45,900 --> 00:02:48,900
Lah karepmu kepriyé?

49
00:02:48,900 --> 00:02:54,440
Apa kowé njaluk ratuné bangsa Ju sing tak etokké?”

50
00:02:54,440 --> 00:02:56,860
Wong-wong terus pada mbengok:

51
00:02:56,860 --> 00:02:58,060
“Ora,

52
00:02:58,060 --> 00:02:59,420
ora Dèkné!

53
00:02:59,420 --> 00:03:04,780
Awaké déwé njaluk Barabas!”

54
00:03:04,780 --> 00:03:07,580
Barabas kuwi wong nakal.

