﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:09,980
Ora let suwi Gusti Yésus ngétok marang murid-muridé sepisan menèh.

2
00:00:09,980 --> 00:00:11,860
Saiki nang mér Tibérias.

3
00:00:11,860 --> 00:00:13,320
Kuwi ngéné.

4
00:00:13,320 --> 00:00:15,460
Murid-muridé dongé pada ngumpul,

5
00:00:15,460 --> 00:00:17,620
yakuwi Simon Pétrus,

6
00:00:17,620 --> 00:00:19,020
Tomas Kembar,

7
00:00:19,020 --> 00:00:23,120
Natanaèl sing sangka kuta Kana nang bawah Galiléa,

8
00:00:23,120 --> 00:00:26,500
anaké Sébédéus loro lan murid loro liyané.

9
00:00:26,500 --> 00:00:30,440
Lah rasul Simon Pétrus terus ngomong karo liya-liyané:

10
00:00:30,440 --> 00:00:32,700
“Aku arep nggolèk iwak!”

11
00:00:32,700 --> 00:00:33,980
Liya-liyané semaur:

12
00:00:33,980 --> 00:00:36,300
“Awaké déwé arep mèlu!”

13
00:00:36,300 --> 00:00:38,580
Kabèh terus budal karo prauné,

14
00:00:38,580 --> 00:00:41,620
nanging mbengi kuwi ora éntuk apa-apa.

15
00:00:41,620 --> 00:00:44,480
Esuké Gusti Yésus teka nang pinggir mér kono,

16
00:00:44,480 --> 00:00:48,140
nanging murid-muridé ora nitèni nèk kuwi Dèkné.

17
00:00:48,140 --> 00:00:49,660
Gusti Yésus terus takon:

18
00:00:49,660 --> 00:00:52,260
“Ora éntuk apa-apa?”

19
00:00:52,260 --> 00:00:53,500
Murid-muridé semaur:

20
00:00:53,500 --> 00:00:55,260
“Ora!”

21
00:00:55,260 --> 00:00:57,300
Gusti Yésus terus ngomong:

22
00:00:57,300 --> 00:00:59,980
“Jalané diuntyalké nang tengené prauné ta,

23
00:00:59,980 --> 00:01:01,660
mengko lak éntuk!”

24
00:01:01,660 --> 00:01:04,260
Murid-muridé terus nguntyalké jalané,

25
00:01:04,260 --> 00:01:07,780
nanging sangking okèhé iwaké ora kuwat narik.

26
00:01:07,780 --> 00:01:10,980
Rasul Yohanes terus ngomong marang rasul Pétrus:

27
00:01:10,980 --> 00:01:12,980
“Kuwi Gusti!”

28
00:01:12,980 --> 00:01:16,180
Kadung rasul Pétrus krungu nèk kuwi Gusti Yésus,

29
00:01:16,180 --> 00:01:19,100
dèkné sakwat nganggo saliné terus njegur,

30
00:01:19,100 --> 00:01:22,100
awit mauné namung nganggo salin njero.

31
00:01:22,100 --> 00:01:28,300
Murid-murid liyané terus nggawa prauné nang daratan karo narik jalané sing kebek iwak.

32
00:01:28,300 --> 00:01:30,020
Daratané ora adoh,

33
00:01:30,020 --> 00:01:31,820
kira-kira satus mèter.

34
00:01:31,820 --> 00:01:38,620
Kadung wis tekan daratan terus pada weruh geni areng lan iwak dipanggang nang nduwuré.

35
00:01:38,620 --> 00:01:40,180
Enèng rotiné mbarang.

36
00:01:40,180 --> 00:01:42,180
Gusti Yésus terus ngomong:

37
00:01:42,180 --> 00:01:45,980
“Kana njikuk iwak setitik éntukmu njala kuwi!”

38
00:01:45,980 --> 00:01:49,460
Rasul Pétrus terus narik jalané nang daratan.

39
00:01:49,460 --> 00:01:52,300
Jalané kebek karo iwak gedé-gedé,

40
00:01:52,300 --> 00:01:54,580
ènèng satus sèket telu,

41
00:01:54,580 --> 00:01:57,500
nanging senajana iwaké okèhé semono,

42
00:01:57,500 --> 00:01:59,140
jalané ora bedah.

43
00:01:59,140 --> 00:02:02,540
Gusti Yésus terus nyeluk murid-muridé:

44
00:02:02,540 --> 00:02:04,580
“Réné pada sarapan!”

45
00:02:04,580 --> 00:02:08,260
Ora ènèng sing wani takon kuwi Gusti Yésus apa dudu,

46
00:02:08,260 --> 00:02:10,420
awit wis pada ngerti nèk kuwi Dèkné.

47
00:02:10,420 --> 00:02:13,420
Gusti Yésus terus njikuk rotiné dikèkké murid-muridé,

48
00:02:13,420 --> 00:02:16,220
iwaké mbarang.

49
00:02:16,220 --> 00:02:22,860
Sakwisé Gusti Yésus tangi sangka pati Dèkné wis ngétok marang murid-muridé ping telu iki.

50
00:02:22,860 --> 00:02:27,060
Gusti Yésus terus takon marang rasul Pétrus:

51
00:02:27,060 --> 00:02:27,940
“Simon,

52
00:02:27,940 --> 00:02:30,060
anaké Yohanes,

53
00:02:30,060 --> 00:02:32,340
apa kowé trésna tenan marang Aku,

54
00:02:32,340 --> 00:02:33,780
ngungkuli liya-liyané?”

55
00:02:33,780 --> 00:02:36,500
Rasul Pétrus semaur:

56
00:02:36,500 --> 00:02:38,820
“Kowé wis ngerti déwé Gusti,

57
00:02:38,820 --> 00:02:41,340
Aku trésna marang Kowé!”

58
00:02:41,340 --> 00:02:43,220
Gusti Yésus terus ngomong:

59
00:02:43,220 --> 00:02:46,340
“Tyempé-tyempéku pada diengon!”

60
00:02:46,340 --> 00:02:48,260
Gusti Yésus takon sepisan menèh:

61
00:02:48,260 --> 00:02:49,340
“Simon,

62
00:02:49,340 --> 00:02:51,300
anaké Yohanes,

63
00:02:51,300 --> 00:02:54,420
apa kowé trésna tenan marang Aku?”

64
00:02:54,420 --> 00:02:55,900
Rasul Pétrus semaur:

65
00:02:55,900 --> 00:02:57,500
“Ya Gusti,

66
00:02:57,500 --> 00:02:59,700
Kowé wis ngerti déwé ta!”

67
00:02:59,700 --> 00:03:01,600
Gusti Yésus terus ngomong:

68
00:03:01,600 --> 00:03:04,980
“Wedus-wedusku pada diengon!”

69
00:03:04,980 --> 00:03:08,060
Saiki Gusti Yésus takon ping teluné:

70
00:03:08,060 --> 00:03:08,580
“Simon,

71
00:03:08,580 --> 00:03:10,840
anaké Yohanes,

72
00:03:10,840 --> 00:03:12,700
apa kowé trésna tenan marang Aku?”

73
00:03:12,700 --> 00:03:20,180
Rasul Pétrus terus sedi banget krungu Gusti Yésus takon kaya ngono kuwi sampèk ping telu.

74
00:03:20,180 --> 00:03:21,140
Dèkné semaur:

75
00:03:21,140 --> 00:03:22,180
“Gusti,

76
00:03:22,180 --> 00:03:24,660
Kowé ngerti sembarang.

77
00:03:24,660 --> 00:03:27,700
Kowé ngerti nèk Aku trésna marang Kowé!”

78
00:03:27,700 --> 00:03:28,940
Gusti Yésus terus ngomong:

79
00:03:28,940 --> 00:03:32,620
“Wedus-wedusku pada diengon!”

80
00:03:32,620 --> 00:03:34,300
Gusti Yésus saiki ngomong:

81
00:03:34,300 --> 00:03:37,540
“Mbiyèn dongé kowé ijik enom,

82
00:03:37,540 --> 00:03:43,340
kowé sabukan déwé lan kowé rana-réné sak karepmu déwé.

83
00:03:43,340 --> 00:03:46,500
Nanging mbésuk nèk kowé wis tuwa,

84
00:03:46,500 --> 00:03:56,980
kowé bakal ngunggahké tanganmu lan wong liyané bakal nyabuki kowé lan nggawa kowé nang panggonan sing kowé ora seneng.”

85
00:03:56,980 --> 00:04:05,500
Gusti Yésus ngomong ngono kuwi kanggo mlambangi rasul Pétrus kepriyé dèkné enggoné bakal mati kanggo ngluhurké Gusti Allah.

86
00:04:05,500 --> 00:04:07,460
Sakwisé kuwi Gusti Yésus terus ngomong:

87
00:04:07,460 --> 00:04:08,700
“Hayuk mèlu Aku!”

88
00:04:08,700 --> 00:04:15,280
Kadung rasul Pétrus nolèh mburi dèkné weruh nèk rasul Yohanes mbarang mèlu.

89
00:04:15,280 --> 00:04:21,700
Ya rasul Yohanes iki sing njagong jèjèré Gusti Yésus dongé pada mangan bareng lan dèkné sing takon:

90
00:04:21,700 --> 00:04:24,820
“Sapa sing arep ngelungké Kowé marang mungsuhé,

91
00:04:24,820 --> 00:04:25,260
Gusti?”

92
00:04:25,260 --> 00:04:29,940
Rasul Pétrus weruh rasul Yohanes kuwi terus takon marang Gusti Yésus:

93
00:04:29,940 --> 00:04:31,320
“Gusti,

94
00:04:31,320 --> 00:04:33,160
lah Yohanes kepriyé?”

95
00:04:33,160 --> 00:04:35,260
Gusti Yésus semaur:

96
00:04:35,260 --> 00:04:40,980
“Semunggoné Aku karep nèk dèkné urip terus tekané mbésuk nèk Aku teka menèh,

97
00:04:40,980 --> 00:04:44,180
lah kuwi lak dudu prekaramu ta!

98
00:04:44,180 --> 00:04:46,300
Nanging kowé kudu mèlu Aku!”

99
00:04:46,300 --> 00:04:52,500
Nang tengahé wong-wong sing pada pretyaya marang Gusti Yésus terus ènèng omongan mrèmèn-mrèmèn,

100
00:04:52,500 --> 00:04:55,080
jaréné rasul Yohanes ora bakal mati.

101
00:04:55,080 --> 00:04:59,580
Nanging Gusti Yésus ora ngomong nèk rasul Yohanes ora bakal mati,

102
00:04:59,580 --> 00:05:00,620
Dèkné ngomong:

103
00:05:00,620 --> 00:05:06,580
“Semunggoné Aku karep nèk Dèkné urip terus tekané mbésuk nèk Aku teka menèh,

104
00:05:06,580 --> 00:05:09,540
lah kuwi lak dudu prekaramu ta?”

105
00:05:09,540 --> 00:05:10,300
Ya aku iki,

106
00:05:10,300 --> 00:05:11,100
Yohanes,

107
00:05:11,100 --> 00:05:14,620
sing nyeksèni lan nulis sembarang iki.

108
00:05:14,620 --> 00:05:18,220
Awaké déwé ngerti nèk sembarang sing tak omong kuwi wujut tenan.

109
00:05:18,220 --> 00:05:23,260
Nanging Gusti Yésus ijik nindakké barang liya-liyané okèh banget.

110
00:05:23,260 --> 00:05:25,060
Semunggoné kabèh ditulis siji-siji,

111
00:05:25,060 --> 00:05:32,200
aku mikir jagat iki ora kamot kanggo madahi buku-bukuné sing ditulis.

