﻿1
00:00:05,000 --> 00:00:07,980
Dongé wis surup ing dina kuwi,

2
00:00:07,980 --> 00:00:10,920
Gusti Yésus ngejèk murid-muridé,

3
00:00:10,920 --> 00:00:11,920
ngomong:

4
00:00:11,920 --> 00:00:13,820
“Hayuk pada ngabrah!”

5
00:00:13,820 --> 00:00:17,000
Gusti Yésus wis nang njeroné prau.

6
00:00:17,000 --> 00:00:20,360
Murid-muridé terus budal numpak prauné,

7
00:00:20,360 --> 00:00:23,220
wong-wong liyané ditinggal nang daratan.

8
00:00:23,220 --> 00:00:26,280
Enèng prau-prau liyané mbarang sing mèlu.

9
00:00:26,280 --> 00:00:29,160
Ora let suwi terus ènèng angin banter.

10
00:00:29,160 --> 00:00:34,720
Ombaké ngantemi prauné sampèk kebek banyu lan mèh kelep.

11
00:00:34,720 --> 00:00:37,720
Gusti Yésus malah ijik turu nang mburi,

12
00:00:37,720 --> 00:00:38,960
bantalan.

13
00:00:38,960 --> 00:00:42,520
Murid-muridé terus pada nggugah Dèkné ngomong:

14
00:00:42,520 --> 00:00:43,880
“Gusti,

15
00:00:43,880 --> 00:00:48,040
apa awaké déwé arep mbok ejarké bèn kelep?”

16
00:00:48,040 --> 00:00:50,480
Gusti Yésus terus tangi.

17
00:00:50,480 --> 00:00:52,440
Angin lan ombak dipréntah:

18
00:00:52,440 --> 00:00:53,560
“Mandeka!”

19
00:00:53,560 --> 00:00:59,360
Anginé sakwat mandek lan banyuné malih anteng.

20
00:00:59,360 --> 00:01:02,080
Gusti Yésus terus nyenèni murid-muridé:

21
00:01:02,080 --> 00:01:05,400
“Kenèng apa kowé kok pada wedi?

22
00:01:05,400 --> 00:01:07,920
Apa kowé durung pretyaya marang Aku?”

23
00:01:07,920 --> 00:01:13,080
Murid-muridé pada wedi banget lan takon marang sakpada-pada:

24
00:01:13,080 --> 00:01:14,780
“Wong iki sapa ta?

25
00:01:14,780 --> 00:01:18,860
Angin lan banyu kok manut marang Dèkné?”

